Obrolan
Aku : Piy cuah iki arep mancing neng ndi , trus kapan leh do rep mancing ?????
Mukri : Neng baron ae piy ?
Sodron : Wah ra asyik kui , neng pantai ngrnehan ae piy?
Sardot : Sodron, Mukri tempatmu kui gak ono seng asyik kabeh, seng asyik kui mancing neng pantai
parangtritis karo parangkusumo kan ko iso sisan penyaluran icik icik ehem hehehehehehehehehe
( ngguyu kebo )
Aku + Mukri + Sodron : OOOOWWWWWWW utek nek utek mesum dot ( nylekop bareng )
Sardot : Lha trus rep neng ndi to cuah ?
Aku : Piy nek neng pantai karang telu ae di jamin koe do puas , do rung tau to mancing neng pantai
karang telu ? setujuh ra?
Sodron : Wah ketoké asyik kui aku setuju, piy sardot ro mukri kui setuju ra ?
Sardot + Mukri : Aku setuju ae ( mangap bareng )
Aku : Lha saiki kapan ki le rep mancing ?
Mukri : sesok ae piy ?
Sardot : sesok ki tanggal piro jew lor ?
Sodron : Makane to dot mangan bangku sekolahan ben reti tanggal , sesok ki tgl 10.
Aku : Yo wes sesok budal yo ......?
SINGKAT CERITA SUDAH KE ESOKKAN HARINYA
Aku, Mukri lan Sodron wes podho kumpol ,
Aku : Lho lhandi Sardot kok rung melok ngumpol ra sido melok pow ?
Sodron : Jare sih kon ngampiri neng ngomahe . jare arep persiapan
Mukri : Bocah siji kae cen manjane puuuuuoooooooL...... ( karo nyokot sendal )
Aku : Yo wes ayo budal neng ngomahe SArdot
Bocah telu mau podo budal neng ngomahe Sardot
Mukri : Dron celuken sardot nek rung rampung le persiapan eret2en ae hehehehehehe
( ngguyu iblis )
Sodron : yo sek ( karo mlayu marani sardot ) heeee cuah edan ayo ndang cepet ki wes do siap
budal.
Sardot : yo iki aku wes siap dron ......... (mbengok koyo buto)
Saknaliko Sardot metu seko njero omahe ( Aku, MUkri lan Sodron salto bareng karo ngrikiti krikil )
Sardot wes siap nggowo persiapane yo iku kompor sak tabunge ,alat penggorengan pokoké perlengkapan dapor meh di gowo kabeh.
Sodron : Kowe meh arep neng ndi to dot kok gowo peralatan dapur lengkap ( karo nggulong2 )
Sardot : we ki cen pekok kok dron , yo nggo masak to yow sopo reti ko le mancing oleh iwak hiu
wekwkwkwkwkwkwk ( ngguyu mrongos )
Mukri : Cen we ki terlalu kok dot emange arep oleh iwak hiu, paling nek oleh iwak hiu kowe tak pakake
( mesem iblis )
Aku : Wes rasah do gelod cocot mingkem kabeh , ayo gek ndang budal .
Cah papat podo budal ora lali sardot gowo barang2e mau ngasi koyo sarjio krompyong ( wong ediiyan ) neng tengah perjalanan ujuk-ujuk ( tiba2) grombyang grombyang .............
Sodron + Aku +Mukri : Moooodddyyyyyaaaarrrr kowe dot ...... ( karo ngguyu bongko )
Sardot : wah malah do nyokor2ke aku ( karo ngelap umbele seng metu )
Mukri : dot nek ben ra repot di kiloke ae alat dapormu kui .....
lumayan tow keno go tuku ses ( rokok lintingan )
Sodron + Aku : Aku setuju dot (mbengok bareng )
Sardot : owww iyo yo , bener kowe kri.
Tapi piy nek simbok markonah nekokke ?
Aku + Mukri + Sodron : Kui kan urusanmu dot........
Sardot : hua hua hua ( nangis karo umbele do metu kabeh )
Sodron : cup cup cup ora nangis dot , mukri mengko tak jamonane ,,,,,,,
Aku : piy dot barang2mu kui , sido di kiloke ra?
Sardot : yo wes ra popo
Sanaliko barang2 peralatane sardot mau di kiloke senadyan mengko tekan omah di rujak ro mbokne
Mukri : piy dot saiki wes ra repot tow ?
Sardot : wah idemu cen buagus tenan kri , yo wes ayo saiki di lanjutke berangkat menuju pantai.
Singkat cerita perjalanan hampir sampai di pantai yang di tuju ( Pantai Karang Telu Girikarto panggang Gunungkidul )
Sardot : wah cah ambune wes banyu segoro ( laut ) ....... ( karo irunge koyo mambu tai )
Sodron : Cene irungmu kui tajam tenan dot setajam silet , banyu laut seko kene ae koe wes iso ngambos
Wekwkwkwkwkwkwk ( ngguyu landak )
Mukri : wah pemandangane apik tenan cuah ontong ae aku wes nyediake kamera hp 3315
hehehehehehe ko foto bareng yo cuah .......
Sodron + Sardot : yuuuuooooooooo
Aku : Ow..... yo jelas to